Narator Pada jaman dahulu di sebuah desa di daerah Jawa Tengah. Hidup seorang pemuda bernama Jaka Tarub. Ia tinggal bersama ibunya yang biasa dipanggil Mbok Randha. Ayahnya sudah lama meninggal. Sehari-hari Jaka Tarub dan Mbok Randha bertani padi di sawah.
MR Mbok Randha SK Soma Kampret JT Jaka Tarub W Widadari ADEGAN I Ing omahe, Mbok Tarub karo Jaka Tarub lagi ngrembug babagan pepinginane Mbok Randha Tarub enggal duwe putu, nanging Jaka Tarub isih durung pengin palakrama. Kapara malah ora kepengin palakrama yen ora oleh widadari. Katungka tekane Soma Kampret kang ngajak Jaka Tarub golek manuk ing alas. MR “Le Tole… mambengi mbok kok ngipi nduwe putu! Kapan ta jane kowe rabi? Umurmu lo wis pira Le?” JT “Pripun Mbok? Wayah? Wayahipun tanggi nika lo pun katah. Panjenengan nyuwun setunggal mawon mangke dipunparingi.” MR “Gundulmu athos Le.. Rumangsamu gawe anak iku penak? Anak kuwi ora sokor mbrojol tapi ana prosese Le. Umurmu lo wis tuwek, apa ora sir nduwe anak?” JT “ Sepuh pripun ta Mbok? Kula lo taksih jaka ting-ting, luwih becik kula dhateng alas kalih Soma Kampret tinimbang mikiraken sandhang lan pangan putra kaliyan garwa.” MR “Yowis lah, karepmu! Pancen kowe cilik metisil ireng njlentheng, makane ta ora payu. Tak payokne paling ya ora enek sing gelem.” JT “Hoalah Mbok. Lhawong kula cemeng manis kados arjuna, masak ta mboten wonten sing purun? Mula kula mboten rabi amargi ngrantos widadari mandap saking kayangan. Masak arjuna rabi kalih tiyang ndesa.” MR “Yawes Le, lek kowe wegah rabi, tak aku ae sing rabi.” SK “Joko…Joko…Joko…” JT “Oe… ana apa Pret?” SK “Aku mau weruh manuk apik miber mlebu alas, ayune kaya widadari. Ora sir mburu? Mumpung aku gawa tulup.” JT “Tenane ta Pret? Yawis yoh. Mbok, kula pados widadari. Njenengan dongakne nggih” MR “Woo… pancen cah edan.” ADEGAN II Ing tengah alas, Jaka Tarub karo Soma Kampret lagi golek manuk. Dumadaken weruh ana kumlebate para widadari kang tumuju ing sawijining tlaga. Jaka Tarub karo Soma Kampret nginceng saka grumbulan lan sabanjure Jaka Tarub nyolong salah sijine slendhange widadari. Widadari sing kelangan slendhang lan ditinggal widadari liyane bali menyang kahyangan nangis-nangis banjur gawe sayembara. Sapa sing bisa aweh slendhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanagarep disuwitani utawa didadekne bojo. Jaka menehi sarung marang Dewi Nawang Wulan. JT “Pret Kampret… Pret Kampret…” SK “Ana apa ta jane?” JT “Pener omongmu lha kae lo widadarine ayu banget kaya bintang film.” SK “Heleh endi lo? Widadari ning kene ya kepanasen ta Le..Le..” JT “Kae lo sawangen. Jane mripatmu katut ketulup apa piye ta?” SK “Menenga ta! Aku sik nulup manuk ki lo. Kleru kowe ngko sing tak tulup.” JT “Wista melu aku yoh!” SK “Eladalah… kuwi widadari ta Jok? Kok ayu temen ta. Aku ngipi ta iki?” JT Meneng tok karo ngowoh SK “Iki wis surup. Yoh mulih! Goleki mbokmu we ngko.” SK ngalih mlaku dhisik JT “Aku kudu iso ngrabi widadari iki. Kayata lagi kebanjiran segara madu, kapan maneh widadari ana ing kene. Tapi piye ya carane? Woo iya ya, apa tak jupuk slendhange wae ya? Ben ora iso mulih.” njupuk slendhange W “Duh Gusti.. nyang endi iki slendhangku? Piye iki ndonya wis surup, nanging aku ora iso mulih. Duh Gusti… tulungana aku. Aku sumpah yen ana sing bisa nemokake slendhangku, yen wadon bakal tak dadekne sadulur, yen lanang bakal tak dadekne bojo.” JT “Ana apa Putri sliramu kok melasne ati? kena apa nangis neng kono dhewekan? Wes gedhe semana masa nangis. Opo ora isin” W “Hahh.. Sopo kuwi sing takon. Kok ora ana wujude?” JT “Aku nyang kene, makane ta nduk madepo mburi” W nyawang mburine, “ Subhanalloh sampeyan niki sinten? JT “Ora kenal aku ta? Aku Jaka Tarub pemudha paling bagus, paling ganteng, paling cakep ing desa iki.“ W “Jaka Tarub?, Woo berarti sampeyan ingkang tukang ndamel tarub ana mantenan-mantenan niku ta? Hooh mboten lintu maneh” JT “E.. kok ngawut, aku ki Jaka Tarub dudu sing tukang nggawe Tarub.” W “ O.. ngoten” JT “ Saiki aku banjur takon. Sampeyan ki jenenge sapa, lan ana apa kok sedhih banget?” W “ Kula Nawang Wulan, widadari saking kayangan. Pripun ta Kangmas, slendhang kula ical lan kula mboten ngertos wonten pundi. Mula kula mboten saged wangsul wontenkayangan.” JT “ O.. ngono critane, kok melas temen. Kepriye lek sampeyan melu aku wae” W “ Tumut wonten pundi Kangmas?” JT “Nyang omahku, wes ayo aja panggah kakean takon wae. Tinimbang nyang kene dewe” W “Yawes kula tak melu sampeyan mawon” JT “Iki lo sarungku gaenen dhisik. Sliramu kayake kok kademen.” W “Maturnuwun Kangmas.” ADEGAN III Ing omahe Nyi Tarub. Jaka Tarub oleh restu lan sida urip bebrayan karo Dewi Nawang Wulan. MR “Lho…lho…lho Sapa kuwi Le? Ayune kok sundha langit. Lekmu nemu nendi? Nyolong wek e sapa? Alhamdulillah bariki aku nduwe putu.” JT “Hahaha… Leres ta Mbok kandhaku. Kula pikantuk widadari.” MR Kaget banget“Tenan ye Le kuwi widadari?” W “Inggih Bu, kula niki widadari saking kayangan. Mulane kula niki ayu sanget.” MR “Heleh..heleh ayu banget ta kowe Nduk.. Yawes mlebu o. Jok jaken mangan-mangan kana Jok!” W “Ngapunten Bu, kula mboten maem saklintune sekar melati.” MR “Yawes kana methilo ning ngarep omah. Ojo dientekne lo ya… Mboke ya doyan.” JT “Iso-iso ae Mbok.” bengi JT “Dik, rasa-rasane kok aku tresna marang sliramu.” W “Tresna niku napa ta Mas?” JT “Eladalah… tresna kok ya ora ngerti.” W “Mboten Kangmas.” JT “Dik, sliramu apa sudi urip bebrayan karo Kangmas?” W “Inggih Kangmas, kula purun amargi kula nggih tresna kalih njenengan.” JT “Mbok… entenana bariki kula rabi” MR “Ya mbok ngono. Gek ndang gaekno putu ya. Muga-muga anggenmu bebrayan tansah pinaringan kawilujengan.” W “Inggih maturnuwun Bu. Pangestunipun panjenengan.” W “Mas, rabi niku napa lo Mas?”
NaskahDrama Bahasa Jawa 8 Orang Beserta Unsur Intrinsik. 1.Tokoh : 1. Jaka Tarub : M. Ikrom Ramadhani. 8.Amanat : segala sesuatu yang disembunyikan, pasti akan terbongkar. Oleh. karena itu kita harus jujur, dan tidak melanggar amanah. Selain itu, sebagai maunisa, kita harus saling memaafkan. Para Nawang maning guneman ing kayangan.
Disore ini, saya akan mengeshare naskah Drama Bahasa Jawa yang berjudul "Jaka Tarub". Selamat Membaca JAKA TARUB Sawijining dina, udan sing maune deres banget saiki wis mandheg. Suasana sore wis katon cerah. Ana kluwung pelangi njedhul neng sisih kulon. Jarene wong-wong ndhisik, yen ana pelangi berarti arep ana midodari sing arep adus neng bumi. Nanging bener orane ya mbuh ora ngerti. Selot suwe, bit semribit ana ganda wangi banget. Ana apa ya? Suara kemrincing saka kulon. ADEGAN I Byur…Byur…Byur… Midodari Abang “Cihuy… asik… bisa adus maneh. Jan banyune seger tenan. Wis seminggu ora adus, awake padha pliket kabeh. Jan…segerepol tenan. “ Midodari Jambon “Lak iya ta, segere poll. Tapi aku ya ora kaya kowe. Mosok dadi midodari ora tau adus. Ngerti ra,saiki neng kayangan wis ana pemandian umum. Ora ngerti sih…katrok banget.” Midodari Kuning “Ih…ya ampyun…sapa kui sing jarang adus. Ngisin-ngisini banget dadi midodari. Mosok midodari jarang adus. Ki contoh akyu ya…saben dina ora tau lowong Manycure Pedycure. Jan ambune wangi banget.” Midodari Ijo “Lah…ya wis. Kaya ngono we dibahas. Aku sing ora beda kaya abang jarang adus we meneng bae kok.” Midodari Abang “Duh… Ijo, dadi aku ana tunggale? Hahahaa… Tos disik yo…” Midodari Ijo “Tos..!” Midodari Kuning “Ya ampyun…kaya ngono we kok dibanggakake. Nggilani..! Oh ya,n gomong-ngomong si Ungu karo Nila lagi neng ngendi ya? Kok awit mau ora ketok.” Midodari Biru “Oh…duo Midodari kae ta? Si Ungu mau wis ijin arep konser disik. Si Jingga lagi pilek. Trus si Nila lagi mojok karo pacare. Mau ki tak jak i malah ora gelem.” Midodari Abang “Ya…iyalah. Mengko yen di jek ya dadi kesetrum.” Midodari Ijo “Woo…lha, kuping apa centhelan wajan ta? Dijak dudu dijek!!” Midodari Biru “Intine si Nila ora gelem melu. Jare wis ana sing ngajak shoping.” Midodari Kuning “Ow…ngono ta…” ADEGAN II Ana ing teras ngomah, Jaka Tole lagi leyeh-leyeh. Ujug-ujug Jaka Tarub teko karo bengok-bengok. Jaka Tarub “Le…Le…Le…” Jaka Tole “Ngapa ta? Aku ora budheg, nyeluki bae. Aku wis krungu. Ana apa ta jane?” Jaka Tarub “Wetengku loro banget.” Jaka Tole “Lha terus?” Jaka Tarub “Tenanan ki, mules banget, kakehan mangan sambel. Tak jak neng kali yuh!” Jaka Tole “Jan…wis gedene semono, ning kali we njaluk dikancani.” Jaka Tarub “Lah, aja kaya ngono ta, mung ngancani we kok wegah…” Jaka Tole “Emoh laah. Ngancani kok ning kali. Yen ngancani ning kota, shopping, cuci mata ngono aku gelem banget.” Jaka Tarub “Ya wis yen ora gelem ngancani. Yen neng kali ana sing bening-bening, ora tak kandhani.” ADEGAN III Neng Kali… Jaka Tarub “Aduuh jan lega pisan. Tapi, kok kaya ana sing beda ya? Ambune wangimen? Kayane ambune saka kulon. Jajal tak tiliki lah. Jaka Tarub nginguk ana ing samburine wit gedhe kang ditutupi suket sing dhuwur. Jaka Tarub “Wualah-wualah…apa aku ora salah weruh, kae midodari lagi padha adus..ce…ce…ce…ayu-ayu tenan, keno nggo cuci mata ki. Tamba ngantuk..! Oh ya, aku duwe ide cemerlang, tak jupuke salah siji slendange, ben ora iso bali.” Jaka Tarub njupuk slendang sing rupane jambon. ADEGAN IV Midodari Ijo “Kanca-kanca ayo padha bali ning khayangan, kayane aduse wis cukup, wis keset ki lho….” Midodari Biru “Adhuh biyung, aku isih kepengin kungkum, dhela ngkas.” Midodari Abang “Tapi kayane wis sore loh, mengko yen didukani Bapa kepriye ?” Midodari Biru “Ya wis lah ayo.” Midodari Jambon “Eh, slendhangku neng ngendi ya? Kok ora ana?” Midodari Kuning “Tape deh. Lha mau kok deleh ngend? Digoleki dhisik kana!” Midodari Jambon “Uwis, tapi ora ana. Mengko yen aku ora bisa bali kepriye ?” Midodari Abang “Ayo cepet, wis sore, Aku, Ijo, karo Kuning bali dhisik …..” Midodari Jambon “La aku kepriyeneng kene, masa aku ditinggal dhewekan?” Midodari Ijo “Yaw is lah. Trima bae nasibe ko.” Midodari Kuning “Mbon, aku bali dhisik ya, Sorry dory Strobery….” Midodari jambon akhire detinggal dhewekan. Ora ana sing gelem ngancani. ADEGAN V Midodari Jambon sedhih banget. Ujug-ujug, Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae. Midodari Jambon “Hikk…hikk…hikk…slendhangku nengendi ? Kepriye iki Bapa…. Biyung….” Jaka Tarub “Cah ayu, kena apa nangis neng kono dhewekan. Wis gedene semono masa nangis. Apa ora isin….” Midodari Jambon “Slendhangku ilang….” Jaka Tarub “Kepriye kok bisa ilang?” Midodari Jambon “Hah!!! Sapa kuwi sing takon. Kok ora ana wujude ?” Jaka Tarub “Aku neng kene. Nylinguko mburi.” Midodari Jambon “Subhanalloh !!! Sampeyan sapa?” Jaka Tarub “Ora kenal aku ta? Aku Jaka Tarub. Pemudha sing paling cakep, paling ganteng, paling joss neng desa kene. Nah saiki giliran aku sing arep takon. Cah ayu, jenengmu sapa, truz bisane neng kene anu kepriben critane.” Midodari Jambon “Dadi sampeyan Jaka Tarub. Anu sing tukang nggaweni tarub angger ana manten ya…?” Jaka Tarub “Sembarangan. Aku Jaka Tarub, dudu tukang nggaweni tarub.” Midodari Jambon “Oh, ngono. Aku Midodari Jambon. Jeneng bekenne Nawang Sasi. Aku teka saka khayangan. Tapi sing dadi masalah, saiki aku ora bisa bali menyang khayangan. Amarga, slendhangku ilang.” Jaka Tarub “Ow, ngono critane. Melas temen. Ya wis, saiki kowe melu karo aku bae.” Midodari Jambon “Melu menyang ngendi?” Jaka Tarub “Aja kakeyan takon ngapa. Tinimbang kowe dhewekan neng kene. Ayo, gelem pa ra?” Midodari Jambon “Ya wis, aku gelem melu sampeyan. Tapi manawa sampeyan macem-macem dak thuthuk lho” Jaka Tarub “Iya lah….” Sawise kuwi, Midodari Jambon akhire melu Jaka Tarub. Bareng wis suwe akhire Jaka Tarub karo Midodari Jambon padha seneng-senengan. Banjur akhire dadi manten. Lan duwe anak wadon. ADEGAN VI Para Midodari sing maune pada bali menyang khayangan teka maneh. Para Midodari mau diutus dening Baginda Raja supaya njemput Nawang Sasi bali. Midodari Kuning “Mbon, Kepriye kabare ? Apik-apik bae ta ? Suwe ora ketemu ya ?” Midodari Jambon “Eh… Abang, Ijo, Kuning, Biru, aku apik-apik bae neng kene. Kepriye kabare kowe-kowe padha ? Waras kabeh ta ?” Midodari Ijo “Aku karo kanca-kanca neng kana ya padha waras kabeh.” Midodari Abang “Jan, aku heran karo kowe. Bisa-bisane betah neng bumi. Ana apa ta jane ?” Midodari Jambon ”Dak critani, ya. Aku neng kene ketemu karo pemudha sing ganteng banget.” Midodari Biru “Sapa jenenge ?” Midodari Jambon “Jenenge Jaka Tarub. Kae sing nulungi aku pas ditinggal dening kowe-kowe padha. Terus saiki aku wis dadi bojone Jaka saiki aku wis duwe anak jenenge Jaka Tajam.” Midodari Ijo “Apa kuwi ? Kok elek temen ?” Midodari Jambon “Elek piye lho, kuwi dijupuk saka Ta sing berarti Tarub, Jam sing berarti Jambon.” Midodari Abang “Ooo… Ngono ta critane.” Midodari Jambon “Ngomong-ngomong, ana perlu apa ta, kok njanur gunung ?” Midodari Biru “Aku, Ijo, Abang, lan Kuning diutus dening Baginda Raja supaya njemput kowe bali menyang khayangan.” Midodari Ijo “Nggo ngapa urip neng kene? Mendhing urip neng khayangan. Apa-apa ana.” Midodari Jambon “Tapi pangapura ya kanca-kanca. Aku ora bias melu kowe padha. Amarga aku wis betah neng kene.” Midodari Ijo “Dadi aku lan kanca-kanca sia-sia teka kene ?” Midodari Kuning “Ya wis yen kuwi kekarepanmu. Nanging aku isih ngarep kowe bali menyang khayangan maneh. Midodari Abang “Aku ora arep meksa. Sing penting kowe senrng, aku ya melu seneng.” Midodari Jambon “Matur nuwun, wis padha pangerten karo aku.” Midodari Biru “Ya wis yuh, padha bali. Wis sore, mendung sisan. Mengko neng ndalan kudanan kepriye?” Midodari Kuning “Mbon, aku bali ya. Da…da….” Para Midodari akhire bali menyang khayangan. Nanging Midodari Jambon tetep ora gelem bali. ADEGAN VII . Jaka Tarub “Bu, tulung gawekna aku wedang kopi. Sore-sore ngene iki paling enak ngombe kopi.” Midodari Jambon “Ya, sabar sik, Pak.” Jaka Tarub “Pancen rejeki ora bakal neng ngendi-ngendi. Bisa oleh Midodari sing ayu. Manawa slendhange kae ora dak jupuk, mesthi uripku ora bakal kepenak kaya saiki. Tapi aja nganti Si Nawang Sasi ngerti. Yen nganti ngerti, bisa dadi duda aku.” Midodari Jambon “Jan, Bapake. Karepe saben sore medang kopi bae. Apa ora bosen ta, Pak ?” Jaka Tarub “Ya ora ta,. Wong sing nggawekne we bojone dhewe.” Midodari Jambon “Oh ya, Pak. Berase wis entek. Sesuk arep adang apa ?” Jaka Tarub “Masak wis entek ta, Bu?” Midodari Jambon “Nganti wis klimit malahan, Pak… Pak….” Jaka Tarub “Neng lumbung beras isih ana kok, Bu. Dhek wingi dikirimi Jaka Tole sak ember.” Midodari Jambon “Jajal dak tilikane dhisik.” Jaka Taub lali manawa dheweke ndhelikake slendhang colongane neng njero lumbung beras. ADEGAN VIII Nawang Sasi mlebu menyang njero lumbung beras mau. Dheweke kaget amarga nemokake slendhang warna jambon persis kaya slendhange sing ilang. Nawang Sasi dadi curiga manawa Jaka Tarub sing nyolong slendhange. Midodari Jambon “Pak, aku arep takon. Kena ngapa kok slendhangku bisa ana neng lumbung beras ? Aja-aja, Bapak sing njupuk slendhangku ya?” Jaka Tarub “Slendhang apa ta, Bu ? Aku ora ngerti apa sing kok omongake.” Midodari Jambon “Halah… Ora usah mungkir. Ngaku bae, Pak. Wis dak bele-beleni ora bali menyang khayangan, tibake sing njupuk slendhangku malah wong sing dak tresnani. Aku kuciwa kao sampeyan.” Jaka Tarub “Aku njaluk ngapura, Bu. Aku bener-bener njaluk pangapura. Aku ora ngerti bakal kaya ngene dadine. Midodari Jambon “Aku ora bisa kaya ngene terus. Aku kudu lunga saka kene. Tulung jaga Jaka Tajam. Aku arep bali menyang khayangan.” Nawang Sasi banjur mabur, bali menyang khayangan nganggo slendhange mau. Jaka Tarub “Bu, aja lunga !!! Aku durung siap dadi duda….” Jaka Tarub amung bisa nangisi lungane Nawang Sasi, lan dadi duda salawase. TAMAT
jakatarub dadi duda Dina Jemuah Suasana sore wis mulai cerah.Udan sing mikine gede.benget be wis mandeg.Srengengene wis mulai katon.Ehditambah ana pelangi mentongol neg sisi kulon.Jerene wong-wong tah angger ana pelangi,berarti arep ana bidadari sing arep adus neng bumi.Tapibener orane ya mbuh ora ngerti.
JakaTarub adalah tokoh utama yang sekaligus dipakai sebagai judul cerita drama.Jaka Tarub dalam drama karya Akhudiat ini berbeda dengan tokoh Jaka Tarub dalam dongeng Jawa. Akhuidat menghidupkan kembali warna daerah dengan dibumbui selera masa kini.
RagamBahasa Jawa Jumat, 20 Januari 2017. jaka tarub (XII PMS 2) Jaka Tarub. BABAK 1. Panggonan : ing kayangan . Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi. Nawang Sekar : "Ayo para dulur, dolan menyang bumi.
PAGIHARI, RUMAH JAKA TARUB · Hari berganti hari, bulan berganti bulan, tak terasa rumah tangga Jaka Tarub dan Nawangwulan telah dikaruniai seorang putri, yaitu Nawangsih. Tak seorangpun penduduk desa yang mencurigai siapa sebenarnya Nawangwulan yang Jaka akui sebagai gadis yang berasal dari sebuah desa yang jauh.
Padajaman dahulu di sebuah desa di daerah Jawa Tengah. Hidup seorang pemuda bernama Jaka Tarub. Ia tinggal bersama ibunya yang biasa dipanggil Mbok Randha. Ayahnya sudah lama meninggal. Sehari-hari Jaka Tarub dan Mbok Randha bertani padi di sawah.
Dramabasa Jawa saka siswa-siswi Kelas IX C SMPN 3 Dolopo Kabupaten Madiun Taun Pelajaran 2019/2020. Paraga:1. Bima Putro (Jaka Tarub)2. Laksani Cipta (Mbok
JAKATARUB BABAK 1 Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. kahyangan arep adus ing bumi. 1. Nawang Sekar : "Ayo para dulur, dolan menyang bumi." 2. nanging dolan ing ngendi?" 3. ide, ayo adus ing sumber" 4. "(nggawa slendhange) Ayo." Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe. 5. banyune." 6.
Setelahsuaminya meninggal dunia, ia mengangkat seorang anak laki-laki sebagai anaknya. Pada saat dewasa, anak tersebut dipanggil Jaka Tarub. Jaka Tarub merupakan anak yang baik. Setiap hari, Jaka Tarub membantu Mbok Randa mengerjakan sawah di ladangnya. Dari hasil sawah lading itulah mereka menggantungkan hidup.
JakaTarub adalah seorang pemuda yang sangat senang berburu. Ia juga seorang pemburu yang handal. Keahliannya itu diperolehnya dari mendiang ayahnya. Jaka Tarub seringkali diajak berburu oleh ayahnya sedari kecil. Pagi itu Jaka Tarub telah siap berburu ke hutan. Busur, panah, pisau dan pedang telah disiapkannya. Iapun pamit pada ibunya.
NaskahDrama Jaka Kendil Bahasa Jawa. Naskah drama bahasa jawa tentang keh idupan. Dan warga desa menjulukinya dengan panggilan joko kendil. Naskah Drama: "Jaka Kendhil Mencari Cinta" - Joglo Drama - Mbah Brata from sejumlah artikel penting tentang naskah ketoprak jaka kendil bahasa jawa berikut ini dan pilih yang terbaik untuk anda.
JakaTarub : "Dinda, Akang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda!". Nawang Wulan : "Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa ing kene terus". BABAK 3. Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan wis ketemu.
Naskahdrama bahasa jawa jaka tarub dan 7 bidadari. Legenda Jaka Tarub memiliki banyak versi dan pengubahan tetapi secara garis besar masih memiliki alur cerita yang sama. TEKS DRAMA JAKA TARUB DAN 7 BIDADARI DALAM BAHASA INGGRIS. Jaka Tarub was very handsome man. Hayati sebagai Ibu Jaka Tarub 3. Ayu sebagai bidadari 1 5. Eva sebagai Jaka Tarub 2.
rakyatjawa tengah kisah jaka tarub amp nawang. naskah drama cerita rakyat berjudul jaka tarub. lia novie s notes perbandingan legenda “jaka tarub. naskah drama jaka tarub. jaka tarub dan nawang wulan cerita legenda. the legend of jaka tarub folklore from east java indonesia. legenda jaka tarub wikipedia bahasa indonesia. indonesian
LegendaJaka Tarub ini, dimainkan oleh tokoh yang bernama Jaka Tarub (pemuda dari tarub), kemudian setelah dewasa dia diberi gelar "Ki Ageng Tarub". Ki Ageng Tarub ini dianggap sebagai leluhur dinasti mataram, yang menjadi penguasa politik tanah Jawa sejak abad ke-7 sampai saat ini. Peristiwa ini terjadi di daerdah Widodaren, Gerih, Ngawi.
NYg8dl.